--> Skip to main content

peribahasa bahasa jawa

Kana nggone kana wite : Ukara iku lumrahe diucapake samangsa wong nemoni lelakon ala, maksude supaya awake dhewe utawa kulawargane ora ketaman lelakon sing kaya mangkono.

Kayu taun : kayu sing lumrah dianggo balungane omah kajaba kayu jati, kayata : kayu weru, nangka, sengon lsp.

Ngandhut godhong randhu :
Pepindhane wong guneme mencla-mencle ngalor ngidul

Ngalasake negara : Wong tumindak sageleme dhewe, ora ngelengi aturan/brengkele

Ngaub awar-awar : Ngenger utawa ngawula marang wong sekeng, wong sing ora sugih utawa ora duwe panguwasa.

Ngaturake kidang lumayu : Nuduhake rejeki sing angel pangalape (nyekele).

sumber http://nguripuripbasajawa.blogspot.com/search/label/PARIBASAN%20BEBASAN%20LAN%20SALOKA
Comment Policy: Silahkan tuliskan komentar Anda yang sesuai dengan topik postingan halaman ini. Komentar yang berisi tautan tidak akan ditampilkan sebelum disetujui.
Buka Komentar
Tutup Komentar