--> Skip to main content

cangkriman bahasa jowo

Cangkriman iku unèn-unèn utawa ukara kang kudu dibatang. Cangkriman umumé kanggo gégojégan. Ana uga cangkriman kang digawé sayembara ing lakon wayang. Cangkriman ana werna-werna, yaiku: cangkriman wancahan, pepindhan, lan blèndèran (plèsèdan). Ana uga wangsalan kang dijawab dhéwé. Cangkriman punika kaperang dados sekawan, inggih punika a.Cangkriman ingkang awujud tembung wancahan.
b.Cangkriman ingkang awujud pepindhan utawi irib-iribing barang.
c.Cangkriman ingkang ngemu surasa blenderan d.Cangkriman liya-liyane.

Cangkriman bahasa jawa merupakan salah satu bentuk peribahasa yang di kemas dalam bentuk bahasa jawa. Bentuk cangkriman juga bermacam - macam baik pendidikan , motivasi, maupun cangkriman berbalas.


Di bawah ini merupakan kumpulan cangkriman bahasa jawa mudah - mudahan bisa bermanfaat untuk semua.

  • Geplak wedang jahe
  • bareng penak meneng wae
  • Golek pelem grethel arit
  • didemok gelem, di ciwel njerit
  • kabaketan = nangka tiba nang suketan.
  • pakboletus = tapak kebo ana léléné satus.
  • burnaskopen = bubur panas kokopen.
  • Wiwawité, lesbadongé = uwi dawa uwité, tales amba godongé
  • Sega sekepel dirubung semut = salak.
  • Pitik walik saba kebon = nanas.
  • Bocah cilik tlusap-tlusup nang kebon = dom (jarum).
  • Wit adhikih woh adhakah = waloh.
  • Wit adhakah woh adhikih = ringin.
  • Kebo bulé cancang marang = buntil
  • Gajah nguntal sangkrah = pawon
  • Wong adol témpé ditalèni = sing ditalèni témpé, dudu wong sing dodol.
  • Wong mati ditunggoni wong mèsam-mèsem = sing mèsam-mèsem wong sing nunggu, dudu sing mati.




Comment Policy: Silahkan tuliskan komentar Anda yang sesuai dengan topik postingan halaman ini. Komentar yang berisi tautan tidak akan ditampilkan sebelum disetujui.
Buka Komentar
Tutup Komentar